Prau Layar
Cipt: Ki Narto Sabdho
Clip Original ; [ Ссылка ]
Yo konco ning nggisik gembiro
Alerap-lerap banyune segoro
Angliyak numpak prau layar
Ing dino minggu keh pariwisoto
Alon praune wis nengah
Byak byuk byak, banyu binelah
Ora jemu-jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake roso lungkrah lesu
Adek njawil mas..
Jebul wis sore
Witing kalopo katon ngawe-awe
Prayogane becik balik wae
Dene sesuk esuk
Tumandang nyambut gawe
Makna / artinya = mengajak ke laut naik perahu layar di hari minggu,
bercanda tiada bosan. Tapi jangan lupa waktu sudah sore dan sebaiknya pulang
karena besok akan bekerja kembali.
![](https://i.ytimg.com/vi/aDy66Kuwx40/maxresdefault.jpg)